Di sini kita bertemu, di sini kita bersatu, di sini kita berdarma bakti tanpa batas waktu. Selamat Datang di halaman Sanggar Pringgodani. -.. .. / ... .. -. .. / -.- .. - .- / -... . .-. - . -- ..- --..-- / -.. .. / ... .. -. .. / -.- .. - .- / -... . .-. ... .- - ..- --..-- / -.. .. / ... .. -. .. / -.- .. - .- / -... . .-. -.. .- .-. -- .- / -... .- -.- - .. / - .- -. .--. .- / -... .- - .- ... / .-- .- -.- - ..- .-.-.- / ... . .-.. .- -- .- - / -.. .- - .- -. --. / -.. .. / .... .- .-.. .- -- .- -. / ... .- -. --. --. .- .-. / .--. .-. .. -. --. --. --- -.. .- -. .. .-.-.-

Rabu, 21 Mei 2025

Pengalaman Pramuka Jaman SMP: NULUNG KEPHENTUNG

Jaman sekolah ana SMP tahun 70-an, siswa-siswa kudu taat tata aturan sekolah. Contone, saben dina kudu nganggo seragam sekolah: klambi putih lengan pendek ana lambang sekolah ning dodo kiwa, rok ngisoran utawa celana cekak warna biru, kaos kaki putih, lan sepatu ireng.


Melebu sekolah saben isuk jam 7 pas. Sapa wae sing tekan sekolah telat kudu lapor dhisik ana bagian guru piket. Bapak utawa ibu guru piket kala-kala sedurunge jam 7 wis ngadeg jaga ana ngarepe gerbang sekolah. Tugasé niliki lan meriksa seragam sekolah para siswa sarta nyatet siswa sing teka telat.

Dina iku kebetulan ana pemeriksaan seragam sekolah siswa. Ibu guru LM lagi piket jaga, wis ngadeg nyegat ing ngarep gerbang sekolah. Kala iku, aku wis tekan sekolah nganggo seragam sekolah lengkap: klambi, celana, lan sepatu. Dadi, aku aman mlebu sekolah tanpa diperiksa.

Nyambi nunggu pelajaran sekolah mulai, aku ngobrol ngalor-ngidul karo kanca-kanca ana njero kelas. Kelasku klebu bagian ngarep gedung sekolah. Tembok kelase separo bagian ngisor ditembok bata, lan bagian dhuwur nganggo kawat ram kanggo ventilasi.

Lagi enak-enak ngobrol karo kanca-kanca, ora let suwe ana swara kanca AR celuk-celuk saka njobo njaluk tulung nyilih kaos kaki. Dhèwèké ora bisa mlebu sekolah amarga ora nggawa kaos kaki.

Mathok jiwa Pramuka ning dodo – roso setia kanca lan seneng tetulungan. Ora mikir dawa, kaos kakiku sepasang langsung tak copot lan tak buwang menjobo, dilewatake kawat ram kanggo kanca sing nunggu ana njobo.

Ora let suwe, ana guru Pak KN mlebu kelas marani aku, ngajak menyang kantor guru.

Melebu kantor guru, aku kaget ketemu Ibu guru LM karo kancaku AR sing karepe nyilih kaos kaki mau. Rupane, nalika kancaku njupuk kaos kaki, tiba saka kawat ram dhuwur lan ana salah siji guru sing weruh.

Ibu guru LM takon, "Iki kaos kakine sapa?" Aku mangsuli blakasuta, "Inggih, niku kaos kaki kula piyambak. Karepe kanca kula wau nyilih amargi mboten nggawa."

Ibu guru LM duka lan nyeneni aku lan kancaku. "Wah, iki kong kali kong! Loro-lorone padha nglanggar tata aturan sekolah! Mosok ya kaos kaki sepasang digawe sikile wong loro? Ora mlebu nalar!"

Dadine, esuk kuwi aku karo kancaku dihukum ora oleh mlebu pelajaran pertama ning kelas. Kita didhawuhi ngadeg jejeg ana pojokan ruang guru.

Wah... wah... kedadeyan iki tetep kenang nganti saiki. Iso-iso wae kepanthek jiwa Pramuka, karepe nulung kanca malah kepenthung dhéwé. Mula, sapa wae sing pancen salah, ya tetep ngaku salah wae.

(odok S, Tangerang Banten)



1 komentar:

  1. Memang kita generasi yang paling beruntung kala itu tanpa hp .. Tertanamlah sikap jiwa pramuka yang cepat kaki ringan tangan thd sesama tanpa fikir efeknya nanti. Yang penting bisa ngebantu sesama. Sukses critanya salut. Ok

    BalasHapus